Dalam rangka menginternalisasikan Gerakan PRLH untuk warga sekolah dilakukan melalui berbagai media. Salah satunya adalah memperdengarkan ajakan dan himbauan secara sentral melalui sound sekolah salah satunya dengan menggunakan bahasa Jawa. Berikut adalah himbauan yang selalu diperdengarkan setiap jam istirahat.

Karesikan lingkungan pawiyatan inggih menika karesikan sakiwa tengenipun pawiyatan. Karesikan lingkungan pawiyatan minangka salah satunggaling factor ingkang wigatos kangge nyiptakaken pasinaon ingkang nyaman. Saben sekolah kedah mucalaken babagan njagi karesikan lingkungan pawiyatan dhumateng para siswa.

Kangge nggayuh predikat minangka pawiyatan adiwiyata, SMA Negeri 1 Seyegan kedahipun saged nanemaken dhumateng sedaya warga pawiyatan kangge njagi karesikan lingkungan.

Kangge nyuksesaken program adiwiyata kasebat, sekolah nyawisaken lan ngupayaken kanthi saestu kangge mujudaken pawiyatan adiwiyata menika. Ancas menika saged kagayuh kanthi nindakaken 6 esensi program adiwiyata ing antawisipun, njagi karesikan, njagi fungsi sanitasi lan drainase, milah lan mapanaken/ mbucal rereged ing papanipun, ngolah rereged kanthi 3 R,  nanem lan njagi taneman, konsevasi toya, konsevasi energi lan inovasi ingkang wonten gegayutanipin kaliyan cak-cakaning PRLH.

Kanthi kegiatan prasaja mbucal lan milah rereged trep ing papanipun, konsevasi toya ingkang asring dipuntindakaken temtunipun badhe ndadosaken lingkungan pawiyatan ketingal langkung resik, kejawi menika ancas supados kawujudipun sedaya warga ing pawiyatan nggadhahi karakter kangge preduli lan berbudaya lingkungan. Kanthi semboyan GO CLEAN, GO HEALTH, GO SMART sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng mujudaken pawiyatan adiwiyata satemah kawujud pawiyatan ingkang resik, sehat, asri nyaman lan aman kangge pasinaon.

Harapan dari adanya himbauan melalui sound tersebut diantaranya adalah menginternalisasikan nilai-nilai Gerakan PRLH di sekolah. Upaya tersebut telah menuai hasil meskipun belum maksimal. Diantara peserta didik saling mengingatkan tentang pentingnya konservasi air dan energi. (kun)